transbara-alfatih

CERITA ANAK KARYA SENDIRI


KURO LAN KELINCI

Jaman mbiyen ing Alas ana Kelinci lan Kuro.Kelinci iku watake apik,ramah,lan bijaksana. Namung ana Kuro sing watake angkuh lan rakus. Liya dina kuro keliling Alas karo watak angkuhe,Kuro ngina konco-kancane amarga Kuro duwe omah sing kuat,apik lan bisa ngelindungi Kuro,lan konco-kancane ora duwe omah sing kaya Kuro duweni.Terus Kelinci teka Kelinci nyapa Kuro karo ramahe ”Kuro piye kabarmu?” Kuro ora njawab lan langsung ninggalake Kelinci lan konco-kancane.

Liya dina Kelinci keliling Alas karo Monyet namung ing tengah dalan Monyet ndeleng akeh buah ing Alas garing Monyet kanda “ci ning kana akeh buah-buahan ayo dijupuki”,“oh ayo nyet” njawab Kelinci “aku sing nduwur kowe sing ngisor ya ci” tambah Monyet. Sawise mangan buah, Kelinci lan Monyet mbalik mulih. Sesuke Monyet crito marang konco-kancane yen Monyet mangan buah akeh ing Alas garing. Kuro krungu kabar saka Monyet,Kuro langsung lunga menyang Alas garing.sawise tekan Alas garing Kuro heran lan seneng amarga akeh buah sing seger-seger. Kuro langsung mangani buah-buahan iku mau. Wektu Kuro mangan buah,ana kobongan ing Alas garing,Kuro ora bisa metu saka Alas iku amarga Kuro mlakune alon. Konco-kancane Kuro ndeleng kuro,namung ora ana sing gelem nulung Kuro amarga Kuro duweni watak angkuh lan rakus. Kuro ora bisa bisa nyelametake awake dhewe masi Kuro nduweni omah sing kuat namung omahe ora bisa nylametake awake dhewe amarga hawane panas banget. Namung Kelinci gelem nulung Kuro amarga Kuro kancane pisan. Kelinci mblayu nulung Kuro lan nggawa Kuro menyang kali. Sawise di tulung Kuro sadar yen watake iku ora apik lan Kuro pengen ngrubah watake. Kuro njaluk sepura menyang konco-kancane. Akhire Kuro gelem koncoan karo kabeh binatang ing Alas.

Saka;Transbara wf

21~Juni~09

Transbara Wahyu Firmansyah

1 comment:

Instagram